DETAIL PRODUK
Mardika Basa Lan Sastra Jawa Kngo SMP Kelas VII
Buku Mardika Basa lan Sastra Jawa dipunlarasaken kaliyan Capaian Pembelajaran (CP) Muatan Lokal Bahasa Jawa pada Kurikulum Merdeka, adhedhasar Surat Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/04678 ing Lampiran II.
Buku punika mligi kaginakaken minangka sumber lan bahan piwulangan muriding tataran (fase) D. Buku punika kaajab saged mbiyantu para guru anggenipun mbudidaya nindakaken pasinaon ingkang munjeraken pasinaon dhateng murid. Buku punika ugi dipunracik kangge nyengkuyung program proyek penguatan profil pelajar Pancasila tataran (fase) D (SMP/MTs) ing laladan Provinsi Jawa Tengah, dipunkantheni maneka fitur satemah saged paring kalodhangan sinau ingkang langkung wiyar tebanipun.
Unggulipun buku punika saged katitik saking:
Tebanipun bahan piwulangan dipunracik kanthi munjeraken murid minangka jejering pasinaon kanthi ngecakaken pasinaon modhel diferensiasi (materi, proses, lan asiling pasinaon).
Buku kaserat lelandhesan 4 elemen dhasar, inggih punika nyemak, maca (maos), micara, lan nulis (nyerat). Maneka materi ingkang nyengkuyung program proyek penguatan profil pelajar Pancasila salebeting elemen.
Wontenipun maneka kegiyatan pasinaon, ngginakaken asesmen diagnostik ing pancadan pasinaon, pitakenan ingkang bebakalan munjeraken dhateng materi, lan ngginakake QR code ingkang kaangkah nggampilaken pasinaon.
Saben bab kajlentrehaken mawa tema tartamtu ingkang laras, lan wontenipun ringkesan materi kangge mangun nalar murih langkung lebet panguwaosing materi.
Buku dipunjangkepi asesmen merdeka belajar, inggih punika asesmen formatif ing salebeting pasinaon wujud soal.
Asesmen sumatif wujud gladhen soal ing pungkasaning bab sarta soal ing pungkasaning semester kanthi modhel HOTS, AKM, lan praproyek .
Kanthi rancangan buku ingkang jangkep mekaten, kaajab murid nggadhahi pangertosan, nalar lan sasmita ingkang kiyat lan jegeg minangka murid ingkang netepi jiwa Pancasila lumantar pasinaon basa lan sastra Jawa.
This service is only available in Indonesia