DETAIL PRODUK
Mumpuni Basa Jawa
Piwulang Basa Jawa Muatan Lokal Wajib Jawa Timur
Kanggo SMA/MA/SMK/MAK Kelas X
Buku Mumpuni Basa Jawa ingkang
kasajekaken lelandhesan elemen keterampilan berbahasa Kurikulum Merdeka lan
kearifan lokal Provinsi Jawa Timur. Sekawan elemen keterampilan berbahasa
punika antawisipun menyimak, membaca dan memirsa, berbicara dan
mempresentasikan, lan menulis, ingkang kasusun kanthi runtut lan
rinci. Wondene kearifan lokal Provinsi Jawa Timur ingkang karembag inggih
punika: basa lan sastra, adat tradhisi, budaya, lan kesenian khas Jawa Timuran
ingkang adiluhung. Ing buku Mumpuni Basa Jawa punika ugi ngginakaken
pendekatan profil pelajar Pancasila ingkang nanemaken budi pekerti luhur lan
nilai-nilai Pancasila, sarta raos tresna asih dhumateng bangsa, negara, lan
keutuhan
Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).
Fitur-fitur khas ing buku Mumpuni Basa Jawa punika antawisipun:
• Konsep lan materi lelandhesan capaian pembelajaran (CP) lan tujuan pembelajaran
(TP) ingkang sinerat ing Kurikulum Merdeka. Materi kasajekaken kanthi jangkep
lan rinci.
• Soal-soal latihan ing buku punika kaserat kanthi jangkep wiwit
soalsoal ingkang prasaja ngantos soal-soal HOTS (higher order thinking skills).
Wondene soal-soal latihanipun arupi: gladhen ing saben tujuan pembelajaran,
asesmen sumatif akhir wulangan, lan asesmen sumatif
akhir semester.
• Soal-soal asesmen kompetensi minimum (AKM) ingkang dados napasipun
Kurikulum Merdeka ingkang nggladhi penguasaan literasi para siswa.
• Tugas proyek kawujudaken kanthi kagiyatan ingkang sistematis, minangka
instrumen ingkang jumbuh kaliyan cak-cakanipun profil pelajar Pancasila.
• Sajian khas buku arupi apersepsi, pituduh, kamus kecik ing sabensaben
wacan, pepeling, lan cathetan ringkes.
• QR code, satunggaling sajian khas ing era digital ingkang saged
ka-scan ngangge Erlangga Book Reader. QR Code ingkang arupi
audio, video, lan CBT kangge nggampilaken pasinaon.
This service is only available in Indonesia